Jumat, 19 Oktober 2012

Ki Urat (Daun Sendok)




E Jeneng-jeneng liyane:
        1. Ceuli Uncal(Sunda)        6. Sangka uwah
        2. Meloh Kiloh                  7. Daun Urat-Urat(Sumatera)
        3. Sembung otot                        8. Ekor Angin(Melayu)
        4. Suri panduk(Jawa)        9.Torongoat (Sulawesi)
        5. Sangkawah                    10. Ki Urat ceuli (Jawa)
E Ekologi Ki Urat
Ki urat sakjane mlebu tanaman jenis ’Gulma’ utawa tanaman liar sing urip ing kebun teh lan kopi. Ki urat asale saka Asia lan Eropa, mek isok urip ing ketinggian kurang luwih 3300m saka segara. Nanging Ki Urat uga isa didadekake tanaman obat sing akeh gunane, kaya: ngobati radang, watuk, lan khasiat liyane.
Ki Urat mlebu ing familia ’Plantaginaceae’ masiya tumbuhe liar lan ora dirawat, nanging ki Urat wis kaya jamur ing kebun teh lan kopi terutama ing daerah Batu Malang lan ing kutha-kutha Eropa, amarga ing kono hawane adem njekut kaya ing pegunungan Batu.
Nanging saiki, ki urat uga ana ing Swiss lan para ilmuwan ing Swiss wis neliti khasiat liyane sing isih kasimpen ing tanaman Ki Urat.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar